Ardhi Prabowo
Catatan Kegiatan dan Aktifitas Saya di dunia pendidikan, kemahasiswaan, jurnal ilmiah, pelatihan, dan kegiatan profesional lainnya
Seloso Kliwonan: Taklim RT 06 Edisi 10 Januari 2017
Categories: Ngaji, Posting Njowo

Assalamu’alaikum wr.wb.

Sedulur, monggo ingkang sepisan sesarengan ngucap syukur konjug Alloh SWT kanthi waosan, Alhamdulillah hirobbil ‘alamiin. Ingkang ongko kalih, monggo sholawat kagem Rosullullah SAW, inkang pun tenggo syafaatipun wonten ing dinten akhir mangke.

Miwiti taklim, kulo kedah matur menawi, sedanten ingkang dipun tulis punika dasaripun saking kitab ingkang dipun waos dening ustadz zaenal mahasin. Kulo mboten ngapalaken asmanipun, ning sak sitik-sitike, wonten 4  kitab ingkang dipun bukak wonten taklim ndalu punika, salah satuggalipun nggih punika kitab Tanbihul Ghofilin, tafsir jalalain, lan sanesipun.

Kanjeng Rosul nate ngendikan, “lungguhe jamaah ning majelis taklim iku luwih apik tinimbang 1000 rokaat, lan luwih apik tinimbang niliki 100o wong loro, lan luwih afdhol saking ziarah 1000 wali”. Sianoso namung lungguh, sinambi ngantuk-ngantuk, lan niliki wong loro iku sejatine ngelongi dosa. Saking Bulughul Marom, siking Abu Hurairah, “ora lungguh ning majelis sing dzikir asmane Alloh kejobo ngepung malaikat lan diliputi rohmat saking Gusti Alloh, lan Gusti Alloh maringi opo sing arep dijaluk.” Maksudipun, ono ing majelis taklim iku, malaikat podho ngepung, ngaminke opo sing dijaluk manungsa.

Selajengipun, babagan suwargo lan penghunine. Saking Abu Hurairah, “Setunggal wekdalm ono wing tanglet dhateng kanjeng Rosul. Ya Rosululloh, saking opo to suwargo iku? Rosul lajeng mangsuli, Suwargo iku digawe soko banyu. Bangunan-bangunan ning suwargo iku digawe soko emas lan bangunan liyane soko perak. labure soko misik dan tanahe digawe soko zaffarun, lan krikile soko watu yakuk (akik). Ono ing suwargo, ono wit gedhe sing nek diubengi ngrembuyunge godhong wit iku, ora bakal tutug 100 tahun. (Ujarku, mongko iku film Avatar, njukuk ide tentnag meiwa iku soko kene, yak e. Dadi pancen wong barat iku saiki wis mulai nglirik Islam, ajaran sing paling bener, sing paling diridhoi Gusti Alloh).

Selajengipun babagan wong sing ora ditolak dongane, yaiku soko kalangan:

  1. Imam sing adil. Adil niku artine nyelehke sembarange sesuai karo tempate.
  2. Wong sing poso nganti buko.
  3. Wong sing dianiaya.
  4. Wayah mendhung.

Selajengipun, taklim mbahas babagan tanah-tanah sing dinggo bahan gawe manungsa. Wonten ing kitab, dicritakake, Gusti Alloh iku ngutus 4 malaikat, yaiku Jibril, Mikail, Isroil, lan Isrofil, kagem mundhut tanah soko San’a (sana’a, Yaman) kanggo bahan tangan, tanah maghrib (maroko) kanggo bahan sikil, tanah soko daratan India kanggo bahan Bokong (=punten), lan tanah arofah kagem bahan wajah. Malaikat lajeng matur, Gusti niki taksih kurang setunggal, yaiku kagem ati. Gusti lajeng ngutus mundhut tanah suwargo, kanggo bahan ndamel ati. Kemongko nafsune manungso iku penak tanpo kerjo, sebab atine soko tanah suwargo, lan nang suwargo iku panggonane kepenak. Menowo arep olih suwargo, ono loro sing kudu dipatrapke marang urip, yaiku tahan disik lan dibatesi, ojo nggragas. Kesusu ndang kepingi olih sedurunge waktune bakan diukum ora bakal olih sekabehane. Contone: wong lanang sing kepengin ndang olih bondo njug mateni wong tuwane ben olih waris. Mongko, wong ngono iku malah ora bakal olih sekabehane.

Umar bin Abdul Aziz dikenal sebab dadi khalifah sing adil, jujur, rakyat makmur lan sejahtera. Sedurung khalifah umar bin abdul aziz yaiku gubernur madinah. Lan sewajare gubernur iku urip kepenak. Nangin, nalika Umar bin Abdul aziz dadi khalifah, semua gegap dunia ditinggalake. Rakyate urip mulya saingga baitul maal nganti kangelan olehe nyalurke zakat. Wektu semono iso ono 2 kemungkinan, yaitu rakyate pancen makmur utawa, umat islam jaman semono iku ‘gengsi’ne dhuwur, yaiku luwih milih mbayar zakat tinimbang nompo zakat. Pancen, sewajare, umat Islam iku diutus dadi wong sugih sebab ora ono perintah nompo zakat, sing eneng yaiku mbayar zakat.

Salejenge babagan tanya jawab, ono diskusi menarik perkoro penghuni ndonya. Bagaimana mereka mengetahui bahwa manusia akan berbuat kerusakan di muka bumi sebagaimana dinyatakan dalam surat Al-Baqarah ayat 30? Seolah-olah ada penghuni bumi sebelum Nabi Adam a.s. Jamaah perlu faham kemngko mbumi iku umure 7milyar tahun (miturut teori bigbang) lan Nabi Adam a.s. iku ono ing ndonya kira-kira 10ewu tahun. Dadi pancen muncul pitakon, 10ewu iku sitik banget dibandingno 7milyar umure bumi, mosok iya bumi iku kosong selawas iku? Selajenipun, kajelasaken dening Ustadz, sadurunge manungsa, jin iku khalifah ono ing mbumi, lajeng ndamel angkara ing mbumi lan Alloh ngutus azajil, yaitu sebangsane Iblis kagem mejahi jin. Saking Ibnu Abbas, azajil iku iblis (ing awale) sifate ing babagan taat iku ngluwihi malaikat.

 

Comments are closed.