March 2024
M T W T F S S
 123
45678910
11121314151617
18192021222324
25262728293031

Tanduran Gedhang Kasiyate Sagudhang

Ing Indonesia, tanduran gedhang mujudake tanduran paling akeh dhewe ing antarane tanduran woh-wohan liyane. Tanduran ge­dhang (Musa spp.) asale saka Asia Tenggara, Afrika (Madagas­kar), Amerika Serikat, lan Amerika Tengah. Macem-maceme tanduran gedhang ana papat. Sepisan, tanduran gedhang sing wohe dipangan tanpa dimasak luwih dhisik, upamane gedhang Ambon, Susu, Raja, Cavendish, Barangan, lan gedhang Emas. Kapindho, jinis gedhang sing wohe dipangan sawise dimasak, yaiku gedhang Nangka, Tanduk, lan gedhang Kepok. Kang katelu, gedhang kang duwe isi kaya gedhang Kluthuk lan Batu, kang luwih dimanfaatake godhonge. Kapapat, gedhang kang dijupuk serate kayadene gedhang Manilla (Abaca).

downloadTanduran gedhang kasiyate sagudhang

Tanduran gedhang bisa urip ing iklim tropis, subtropis, lembab, panas, ing da­taran rendah landataran tinggi kang dhu­wure ora luwih saka 1600 saka lumahing segara. Tanduran iki nyenengi lemah kang sugih humus/rabuk. Kira-kira umur setaun, gedhang wis bisa uwoh. Woh ge­dhang kang mateng bisa awet nganti 10 dina.

Tanduran gedhang bisa dimanfaatake saka perangan ngisor nganti temekaning ndhuwur. Wit gedhang bisa diolah dadi se­rat bahan klambi lan kertas. Banyu bong­gole wit gedhang Kepok bisa digu­nakake kanggo obat disentri lan obat lara saluran kencing. Dekorasi manten umume uga migunakake wit gedhang. Saliyane kuwi, wit gedhang kang ora kanggo bisa kanggo pakan wedhus ing mangsa ketiga wayah angel suket. Mendhuwur maneh, perangan godhong gedhang wis lumrah digunakake kanggo wungkus panganan kaya ta: arem-arem, meniran, bothok, ga­rang asem, lan sapanunggalane. Go­dhong gedhang kang diobong, awune di­campur minyak kletik (klapa) bisa kanggo tamba tatu kobong awit duwe sipat nga­dhemake kulit.

Perangan sabanjure yakuwi woh ge­dhang. Sadurunge gedhang dipangan, mes­thi kita langsung mbuka kulite dhisik, lan dibuwang menyang tempat sampah. Pranyata kulit gedhang bisa dimanfaatake kanggo gawe cuka. Kulit gedhang kuwi mau difermentasialkohol lan asam cuka saengga ngasilake cuka. Sawise kulit ge­dhang, kita ngrembug wohe. Sacara umum, kandhutan gizi woh gedhang kang mateng yaiku: kalori 99 mg,protein 1,2 gram, lemak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, serat 0,7 gram, kalsium 8 mg,fosfor 28 mg, besi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vita­min B 0,08 mg, vitamin C 3 mg, dan banyu 72 mg. Woh gedhang duwe gula alami telung macem, yaiku sukrosa, fruk­tosa, langlukosa kanggo nambah energi wayah makarya. Kandhutan zat besi-ne gedhang dhuwur, saengga bisa kanggo nyegah anemia. Becike wong sing nan­dang lara anemia dhahar gedhang sedina kaping pindho. Gedhang duwe kandhutan kalium kang dhuwur, nanging endek kan­dhutan uyahe saengga bisa nyegah lan nyuda tensi. Mungguhe bocah sekolah, yen arep budhal luwih becik mangan woh gedhang, sebab  gedhang iku kandhutan kalsium-e dhuwur saengga bisa ngun­dhak­ake daya konsentrasi. Menawa lagi susah utawa stress, becike mangan ge­dhang awit gedhang iku bisa ndandani moodkang ala, nentremake sistem saraf  amarga kandhutan tryptofan lan kandhu­tan vitamin B-ne dhuwur.  Vitamin B 6 lan B 12 kang dhuwur, gedhang uga bisa netralisir racun nikotin mungguhe pawo­ngan kang seneng ngrokok, saengga bisa ngusadani sakakecanduan rokok. Kanggo wong kang gerah liver, dhahar gedhang karo madu bisa ngundhakake napsu ma­ngan saengga bisa cepet sehat. Tumrap ibu-ibu kang lagi wiwitan ngandhut, biyasane ngalami mutah-mutah ing saben wayah esuk utawa kasebutmorning sickness, becike uga ngakeh-ngakehi mangan gedhang. Kejaba kuwi, gedhang duwe asam folat kang becik kanggo perkem­bangan saraf  janin.  Kanggo remaja putri yen maskeran becike migunakake ge­dhang, sebab woh gedhang bisa ngalus­ake kulit. Carane gawe masker gedhang mau yaiku, woh gedhang dijur dadi bubur, ditambahi susu lan madu, banjur dienggo maskeran 30-40 menit. Sawise iku diraupi nganggo banyu anget, lan dibilas ngang­go banyu adhem. Maskeran nganggo ge­dhang iki bisa ditindakake sesasi kaping pindho. Rambut kang rontog uga bisa di­usadani nganggo woh kang murah me­riah iki. Gedhang uga duwe khasiat kaya antasidasaengga bisa netralake keasa­man lambung banjur bisa ngenthengake lara weteng. Kandhutan serat kang dhu­wur ing gedhang uga becik kanggo nglan­carake bebucal.

Manawa pengin awet, gedhang bisa diiris cilik-cilik tipis, digoreng, lan dida­dekake kripik. Bisa uga digawe sale, te­pung gedhang, ledre, lan gethuk ge­dhang. Dene bonggole gedhang bisa di­gawe dhendheng, lan jantunge (ontong) gedhang bisa dimasak kanggo sayur. Dipecel nganggo sambel kemiri, woalah …. nyamlenge ora jamak.

Kasiyate gedhang pancen sagudhang, nanging yen dhahar becike sacukupe wae. Sebab, yen nganti keladuk mesthi ora becik. Nuwun

Comments are closed.