Parikan Mohammad Agus Prayitno

November 17th, 2015

“Tuku pitik namung siji
Pitik siji regone larang
Kampus sing tak senengi yo mung siji
Yoiku Universitas Negeri Semarang”

“Mlaku-mlaku ning kutho Rembang
Ora lali mampir ning taman Kartini
Sanadyan akeh kampus ning Semarang
Yo mung unnes sing tak tresnani”

“Nyambel tomat campur terasi
Terasi ireng tuku ning Piji
Kampus unnes kampus konservasi
Se-Indonesia mung ono siji”

Uncategorized

Parikan Sugeng Cahyadi

November 17th, 2015

“Manuk Podang mabur dhuwur
Nggawa Srabi telung pepes
Wis kondang lan misuwur
Kampus konservasi ya mung Unnes”

“Duwe anak siji anak tiri
Midak pines nang ngarep toko
Wis tak pikiri wis tak lakoni
Mlebu Unnes ora bakal gelo”

“Ireng cilik iku semut
Amba putih iku mori
Tansah eling lan nyebut
Marang Gusti ilahi Robbi”

Uncategorized

Parikan Nur Annissa

November 17th, 2015

“Adek sarapan lawuhe ulam
Bubar sarapan langsung balbalan
Mboten pareng ngrusaki alam
Amargi alam sumber panguripan”

“Ngobong resak ning pantai srau
Mari ngono dolanan yuyu
Ojo sampek rusak alammu
Mesti rusak masa depanmu”

“Umbah-umbah nganggo dibilas
Ben resik lan wangi ambune
Pora sadar to sing mbakar alas
Mung gawe susah tonggo-tonggone”

Uncategorized

Parikan Mundin Beniarso

November 17th, 2015

“kembang turi
kembang kates
program konservasi
dadi unggulane Unnes”

“mlaku mlaku
menyang solo
kampus Unnes maju
lan, ijo royo roy”

“mangan sego
nganggo lawuh iwak teri
Unnes meniko
Sebutane kampus konservasi”

Uncategorized

Parikan Wijianto

November 17th, 2015

“Teng kamar nembe tilem.
merem-merem malah ngimpi.
menawi njenengan pengen tentrem.
budayaana konservasi.”

“Teng pasar tumpas watu.
bali-bali udane banter.
bapak ibu menehi restu.
sekolah sregep mbokyo pinter.”

“Awan keliling bengi keliling.
panas adem ora keroso.
nganti suwi diileng-ileng.
seng ditresno ura rumongso.”

Uncategorized

Parikan GUNTUR WAHYU SUHARTO

November 17th, 2015

“tumbas es kalih susi
nyelang artone tiyo
UNNES pancen konservasi
dadi suritauladan kampus liyo”

“tumbas donat ning purwodadi
ampun klepyan ning kota musi
wit ijo ning ngendi-ngendi
gawe tandaning konservasi”

“diparingi dolanan kaleh dila
di beto olif menyang gunung
ilmu pendidikan fakultas kula
pilar inspiratif seng kula junjung”

Uncategorized

Parikan Tri Ulya Qodriyati

November 17th, 2015

“Mlaku mlaku ana neng semarang
Ojo lali mampir neng bandungan
Yen arep golek kampus idaman neng semarang
Ya mung unnes kampus konservasi lan unggulan”

“Mangan pecel karo sambel trasi
mangane dikancani mas danang
yen arep golek kampus konservasi
ya mung ana neng unnes semarang”

“Mlaku mlaku neng semarang numpak taxsi
Lewat lawang sewu lan stasiun tawang
Milih kampus seng konservasi
Ya mung ana neng unnes semrang”

Uncategorized

Parikan Catur Wulandari

November 17th, 2015

“Tukang paes tuku dasi
Kesel mlaku marakke nyeri
Memang unnes kampus konservasi
Gudang ilmu ncetak penerus negeri”

“Iwak tawes marakke lemu
Nambah pepes marakke meri
Mlebu unnes golek ilmu
Metu unnes mbangun negeri”

“Wong ganteng njaluk pepes
ono bocah lewat saka pati
Memang seneng bisa kelebu unnes
Maraake bungah ono ing ati”

Uncategorized

Parikan Aida Fitriyani Khusniyati

November 17th, 2015

“Ono wong ayu senenge mangan soto babat
Warunge soto ning sebelahe pak camat
Golek’o ilmu kang manfaat
Mugi kito slamet ning ndunyo lan akhirat”

“Lungo menyang pasar golek sayur
Timbang mlaku mending njaluk diter joko
Sinau agama kanthi rampunge umur
Ben ora dadi menungso sasar sing mlebu neroko”

“Pak dono lungo golek obat gawe tombo
Bu ning tindak tumbas salak
Ora mung bondo lan rupo njobo
Ananging akhlak lan tumindak”

Uncategorized

Agus Dewi Yuarna

November 17th, 2015

“Ono kloso suwek pinggire
Ono klopo neng ratan
Dadi uwong ojo opo jare
Yo Kudu duwe panutan”

“Esuk-esuk mangan sego
Enake nganggo gereh
Besuk-besuk dadi opo
Sing penting iso sareh”

“Honocoroko dotosowolo..
Siji loro telu papat limo enem
Sopo gelem melu neng Solo
Supoyo atine ayem”

Uncategorized

Skip to toolbar