Asal-Usul Desa KarangJambe Kecamatan Padamara, Kabupaten Purbalingga – Jawa Tengah
Posted by: Anisa Puji Rahayu in Uncategorized Add comments
Jaman gemiyen, ing Desa KarangJambe wonten Adipati ingkang asmanipun inggih menika Adipati Wilah. Adipati Wilah menika salah sawijining Kyai wonten ing Desa KarangJambe ingkang nyebaraken agama Islam. Adipati Wilah nggadahi pekarangan ingkang amba sanget. Pekarangan iku kathah wit jambe.
Saya dinten Adipati Wilah tambah tuwa lan sering mriang. Ing sawijining dina Adipati Wilah sanjang marang putra putrinipun menawi mbesuk sapaninggalipun kawula pekaranganipun badhe dipunwarisaken kangge putra putrinipun separonipun, lan separonipun malih badhe dipunwakafaken.
Ing sawijining dinten Adipati Wilah mriang. Ing dinten niku Adipati Wilah dipunceluk dening Gusti ALLAH lan ninggalaken kaluarganipun kangge selawasipun.
Sapeninggalanipun Adipati Wilah putra putrinipun pada tukaran, amarga rebutan pekarangan ingkang kathah jambenipun. Senajan sadurunge Adipati Wilah seda sampun pesen marang putra putrinipun supados mbagi pekaranganipun separo kangge wakaf lan separo malih kangge putra putrinipun. Nanging putra putrinipun mboten mirengaken pesenipun Adipati Wilah.
Putra putrinipun Adipati Wilah tukaran ngantos padha paten-patenan. Sedaya putra putrinipun seda.
Saking kadadosan menika warga Desa niku padha ngawehi asma Desa KarangJambe, amarga putra putrinipun Adipati Wilah padha seda sedaya ingkang kasebabaken rebutan PEKARANGAN ingkang kathah wit JAMBENIPUN.