Ardhi Prabowo
Catatan Kegiatan dan Aktifitas Saya di dunia pendidikan, kemahasiswaan, jurnal ilmiah, pelatihan, dan kegiatan profesional lainnya
Menuntut Ilmu untuk Membangun ‘Rumah’ #1
Categories: Ngaji, Posting Njowo

Pimpinan Unnes sering banget olehe ngendikan menowo Unnes iku rumah ilmu. Sembarang kedadean sing ono ing Unnes, ora ono sing ‘ngungkuli’ kejobo ilmu (iki falsafahe, Gusti Alloh iku wis otomatis lho ya, ora kudu tak sebut). Termasuk berbantah-bantahan, adu argumen, ora bakal kanggo nek ora ono dasar ilmune. Dasare UPT TIK Unnes iku ono ing njerone ngumah ilmu mau, lan memang ‘dolanan’e UPT iku mau nang babagan digital, mestine ora kleru menowo UPT iku mau ngembangke digitalisasi omah ngelmu, selaras karo kepinginane Unnes.

Ngobrol babagan ngelmu, nembe mau bengi, tanggal 1 Maret 2016, ono ing papane pak Haji Ubaidillah Kamal, RT 06, Perumahan Sekargading, pak haji sing kadhapuk dadi sie kerohanian RT ngawontenaken taklim RT edisi perdana. Sebabe edisi pertama, tema sing diusung jelas babagan sianu, utowo menuntut ilmu. Tulisan iki, sithik akehe rangkuman soko ngaji taklim mau bengi. Ngene iki critane:

Dirilis sekang kitab Tanbihul Ghofilin, kasebutaken bilih, sopo wing sing mlaku kanggo sinau, ora on liyane kejobo Gusti Alloh paring gampang dalane tinuju suwargo. Wong sing sinau bakal kapayungan dening sayape malaikat sing njembreng ombo. Iki mbuktekake menowone Gusti Alloh iku paring derajat kamulyan dening wng sing gelem sinau. Kaljengaken malih dening Haji Kamal, bilih sopo wing duwe ngelmu, mesti ngibadahe mantep. Pancene iyo, wong sing duwe ngelmu mesti ngibadahe mantep, termasuk paring taklim utowo pengajian.

Isih sekang lanjutane rilis kitab mau, kasebutaken bilih ono rong macem ngragas sing ora bakal ono entekke. Sing pisan yaiku nggragas sinau, lan pindhone nggragas babagan ndonya. Senajan podho nggragase, ning Gusti Alloh paring sejen ganjaran. Wong nggragas sinau tinebhu tumindhak apik, kemongko Gusti Alloh paring ridho maring wong sing ngene iki. Nggragas sijine, kabeh wis reti nek kuwi tumindhak sing ala.

Ana riwayat, ing wektu semono, ono piyantun sholeh mlebu mesjid, njur nglaksanakake sholat tahiyatul masjid. Serampunge sholat, piyantun sholeh iku nyawang, ono rong majelis nang mesjid iku, yoiku majelis dzikir lan majelis fiqih. Piyantun sholeh iku mau njur milih nggabung marang majelis dzikir. Ndalune, piyantun iku ngimpi. Ana piyantun sing sholeh lan tawadhu, ngendikan ngene: “Saumpamane sira mau nggabung ono ing majelis fiqih, kemongko sira bakal nemoni Jibril ono ing majelis iku mau”. (Tanbihul Ghofilin). Ngimpi iku mau tak tafsirake dewe bilih majelis fiqih, utowo majelis keilmuan (agama) iku sejatine luwih mulya tinimbang majelis dzikir.

Ustadz Zaenal Mahasin, ngalajengaken, Imam Ali r.a. ngendikan, sejatinya ono syarat supoyo wong iku iso entuk ngelmu. Sing kecatet iki mung enem, yoiku:

  1. cerdas. wong sing sinau, nek ora duwe cerdas, akhire yo mumet dhewe.
  2. temenanan. ora bakal wong sing oleh ilmu sianune ora temenan
  3. sabar. iki sing angel. jaman saiki wong pengene sarwo cepet, akhire golek hadis yo nang gugel.
  4. biaya. iki sing rodo bedo karo prinsipe pemerintah saiki. Imam Ali r.a. ngendikan menowo wong sing pengen oleh ilmu ya kudu gelem cucul biaya. rodo seje karo prinsipe bidikmisi pemerintah saiki.
  5. taat karo guru. iku kudu.
  6. wektune dowo. ora ono wong sing oleh ilmu, mapan nang ati, nek wektune cepet. wong iso sinau seko yutub, njur disebarke, ning sejatine ilmu sing disebarke mau durung mapan ono ing ati.

Katutup dening ust. Zaenal, kaaturaken bilih wong sing oleh barokahe (ziadatul khoir) sinau iku cirine tambahing keapikan. Wong sing sinaune bener biasane tindakane tambah apik. Lan apik-apike tumindhak iku sabenere soko olah bathin. Lan olah bathin sing apik, asale soko dzikir lan wirid. Seapik-apike dzikir yoiku asmaul husna. Kemongko, pancen ora kleru menowo bocah SD saben esuk moco asmaul husna.

Pungkasane, taklim mau katutup dening diskusi, ngombe kopi lan rancangan kanggo taklim meneh tanggal 5 April 2016. Salam taklim.

Opo tumon, soko ing sinau iso mbangun ‘omah’ nang ndonya lan akherat.


 

Tulisan ini dibuat untuk mengikuti Lomba Blog Dosen dan Tendik. Tulisan adalah karya saya sendiri dan bukan jiplakan.

Comments are closed.