Ardhi Prabowo
Catatan Kegiatan dan Aktifitas Saya di dunia pendidikan, kemahasiswaan, jurnal ilmiah, pelatihan, dan kegiatan profesional lainnya
Filter kolam sistem 2,5 chamber
Categories: Hobby, Posting Njowo

Kahanan kepepet iku iso marai uwong dadi kreatip. Nangin sejatine, kreatip iku metu ora mung soko kepepet ning ono kahanan liyane, misale, melas marang liyane. Contone awakku dhewe iki. Wis 4 sasi kepungkur kolam cilik, ukuran (2,5 x 1 x 1)m, ono ing ngarep omah keisi karo iwak koi. Nanging sejatine aku duwe masalah, yoiku kolam cilik mau tansah ijo warnane. kakehan lumut. Akibate, meh saben seminggu, banyu kolam kuwi mau tak ganti. Asline ora mergo males nguras, ning iwak koi iku koyo duwe perasaan, dadi saben bar tak kuras, iwak mau koyo kroso wedi. Isine kur nglumpuk nang pojokan kolam. Nek ngene kedadeane, lha percuma duwe kolam, wong sing disawang iku sejatine iwak sing mlayu-mlayu.

Kolam cilik kuwi mau sejatine wis tak pasangi filter. ning filter sing tak pasang mau memang isih sistem 1 chamber walaupun ono rong chamber. Filter (2×1) chamber iku mau gambare koyo ngene iki:

Filter 2x1 chamber

Janjane, sistem beberapa chamber wis tak sianuni awit sedurunge gawe kolam. mung memang, sistem filter sing koyo mengkono iku butuh tempat sing longgar. Lha kuwi dadi masalahku, aku ora duwe tempat ombo. Kemongko, filter sing ono koyo iku, tak umbarke nganti seminggu kepungkur.

Minggu wingi, pas karo tanggal 28 Februari 2016, bojoku tak bujuk kanggo tuku iwak jenis Suzui warna oranye. Regane 150ewu. Iku salah sawijine iwak serius sing tak tuku. Kamongko amargo kepinginku kareben bayune bening, senin iku aku gelem repot nggawe filter sistem 2,5 chamber, seko rencana gawe sistem 3 chamber. Hehehe iku modifikasi wae sebab suply banyu soko pompa kolamku kadung kegedhen. oleh sebab iku, banyu buangan filter tak lebokke filter terakhir, sing tak arani 0,5 chamber iku mau. dadi asline filterku mau kur rong chamber tak tambahi 0,5 chamber kanggo buangan. Sistem 0,5 chamber iku mau tak wenehi kran, kanggo ngatur debite banyu sing dibuang. Sistem sing tak gawe mau kuwi gambare ono ning ngisor iki.

Filter (1x2)+(0,5) chamber

Kasile amazing tenan. Kolam cilik sing biasane warnane ijo, saiki wis bening. Rodo kaget aku, sebab bayanganku, beninge kolam paling ora butuh wektu seminggu. Jebule mung rong ndino. Monggo, menowo ono pitakonan, iso komentar kanthi login disik. Nek sampean dudu anggotane Unnes, yo iso kirim email wae, nang [email protected]. Salam pasedherekan

 

Comments are closed.