Komentar Terbaru

Mbangun umah ilmu ing kampus konservasi

#2

Kualitas pendidikan ing Indonesia wektu kie banget mrihatinke, dibuktiake seko data UNESCO (2000) yaiku Peringkat Indeks Pengembangan Menungsa (Human Development Index) yaiku komposisi seko peringkat pencapaian pendidikan, kesehatan, lan penghasilan per kepala sing nunjukake yen indeks pengembangan menungsa Indonesia tambah mudun. Antarane 174 negara ing dunia, Indonesia nempati urutan 102 ing taun 1996, 99 ing taun 1997, 105 ing taun 1998, lan 109 ing taun 1999.Mutu pendidikan ing Indonesia disebabake dening pirang-pirang faktor antara liya yaiku masalah efektifitas, efesiensi, lan standarisasi pengajarane. Hal kuwe masih dadi masalah pendidikan ing Indonesia umume, biasane permasalahan khusus sing ana ing dunia pendidikan yaiku :
(1). Rendahe sarana fisik

(2). Rendahe kwalitas guru,

(3). Rendahe kesejahteraan guru,

(4). Rendahe prestasi siswa,

(5). Rendahe kesempatan pendidikan sing merata,

(6). Rendahe relevansi pendidikan kanggo kebutuhan,

(7). Larange biaya pendidikan.

RUMAH ILMU

Universitas Negeri Semarang utawa disingkat UNNES kuwi salah sijine perguruan tinggi ing Indonesia sing termasuk Universitas konservasi sing ora mung ngajarake teori tapi luwih sing iku, kita diajarke tentang arti konservasi utawa cinta alam, melihara, lan njaga alam kuwi. Ing Unnes ana siji kalimat sing sering dirungokake “paperless” sing artine ngurangi nggunakake kertas secara berlebihan. Saklintas katon angel dijalanake tapi kalimat kuwe ngajarake supaya kita dadi menungsa sing maju. yaiku kanthi pindah saking kertas maring teknologi moderen. Teknologi memang salah sijine dampak globalisasi, tapi ora kabeh dampak globalisasi dianggep ora apik nggo masa depan yaaa…. justru nggunakake teknologi kita bisa bebas akses ilmu seko internet.

Saiki ing kabeh kampus Unnes ana jaringan wifi sing bisa nyambungake laptop, komputer utawa handphone maring internet kanthi gratis. Unnes nei fasilitas iku supaya mahasiswa gampang ngakses pengetahuan seko internet lan ora ketinggalan jaman. Saliyane wifi, Unnes juga duweni perpustakaan pusat sing ana ing sisi tengene gedung rektorat, lan duweni perpustakaan ing saben-saben jurusan. Kabeh mau duweni siji tujuan yaiku supaya mahasiswa Unnes luwih gampang sinau lan ora perlu adoh-adoh nggoleki bahan kuliah.

Mulai saiki ayo pada sregep sinau tanpa diprentah dening guru utawa dosen, supaya kwalitas pendidikan ing Indonesia lan Sumber Daya Manusia ing Indonesia bisa ningkat.

 

-Tulisan ini dibuat untuk mengikuti Bidikmisi Blog Award di Universitas Negeri Semarang-

Leave a Reply

You can use these HTML tags

<a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <s> <strike> <strong>

  

  

  

* Kode Akses Komentar:

* Tuliskan kode akses komentar diatas: