(Ing sawijining dina wayah wengi, Damar lan adhine lagi sinau.)
Lolli : “Mas Damar, Komputer kuwi apa ta?”
Damar : “La ono apa ta Lol kok takon Komputer? Komputer iku sawijining alat elektronik.” (nyambi sinau)
Lolli : “Iki lho mas, aku ana PR ngenani Komputer.”
Damar : “Apa maneh pitakone?”
Lolli : “Apa kegunaane Komputer?”
Damar : “Komputer iku bisa kanggo komunikasi lan menehi informasi lewat internet.”
Lolli : (nulis jawaban) “Oh ngono ta mas, dadi yen nduwe Komputer bisa mangerteni bab apa wae.”
Damar : “Iya, nanging kudu jeli, amerga apa wae kang ana ing internet durung mesti benere.”
Lolli : “Wah, aku dadi pengen nduwe Komputer.”
Damar : “Yawis, iki wis bengi wayahe turu, sesok ben ora kawanen tangine.”
Lolli : “Ya mas.” (mapan turu)
(Ing wayah esok Ibu lagi masak kanggo sarapan. Bapak lagi ngresiki kandang sapi. Damar banjur tangi lan mangkat adhus.)
Damar : “hemm, katone enak niki masakane”
Ibu : “Apa masakane ibu ki tau ora enak to Dam?”
Damar : “Hehehe” (ngguyu, banjur lenggah ) “Lho bu, Bapak pundi?”
Ibu : “Bapakmu ngresiki kandhang sapi. Ana apa? wis ndang maem.”
(nyepakake sarapan)
Damar : “Nggih bu.”
(Lolli sakwise adhus banjur melu sarapan)
Lolli : “Bu, mangkeh jam setunggal welas jemput Lolli ing sekolah nggih.”
Ibu : “Iya”
Damar : “Halah, cedak kok ndadak dipetuk lol.”
Lolli : “Ya ben ta, la aku durung ditumbaske sepedha Bapak, mas Damar yen budhal ora tau bareng aku.”
Damar : “Iya lah, kan mas budhale jam 1.”
Ibu : “Wis ndang dibarke maemme, mengko ndak kawanen sekolahe.”
(mara ing kandhang sapi) “Pak, ngaso disik, iki lho dhaharane mpun mateng”
Bapak : “Ya” (mlebu omah)
Ibu : (mundutke sekul lan lauk) “niki pak”
Bapak : (nampa piring banjur dhahar)
Damar : “Bapak Ibu, Damar pamit rumiyin nggih, assalamu’alaikum
Bapak : “Walaikumsalam, sing ngati-ati ya.”
Damar : “Ayo Lol (salaman)
Lolli : “Sabar ta mas, tak mundut tas ndisik.” (mara ing kamar)
“Bapak Ibu, Lolli pamit budhal sekolah nggih kalih mas Damar, assalamu’alaikum.” (salaman)
(sakwise wangsul sekolah kira-kira jam sijinan)
Damar : “Assalamu’alaikum, Bapak pundi nggih?”
Ibu : “Waalaikumsalam. Kae lho ning kebon isih ngarit, pakan sapine entek.”
(Damar langsung ganti klambi banjur menyang kebon nyusul Bapake.)
Damar : “Pak, Bapak ngaso rumiyin, Damar kemawon kang ngarit.” (damar ngarit)
Bapak : “Yawis kebeneran, Bapak wis kesel.” (ngombe teh ing ngisor wit )
“Kowe kuwi ana apa ta Dam, kok kadingaren ngewangi Bapak, biyasane gelem ngarit yen dak kongkon.”
Damar : “Damar pengen Komputer pak” (ngaso lan jagongan ana ing ngisor wit )
Bapak : “Komputer? kewan apa kuwi?”
Damar : “Ah Bapak, ngertose kewan mawon. Komputer iku alat elektronik pak.”
Bapak : “Alat elektronik apa ta? la kegunaane apa?”
Damar : “Komputer iku bisa menehi informasi lewat internet, bisa kanggo komunikasi.”
Bapak : “Komunikasi kan ngendika ta, ora usah nganggo komputer kan bisa.”
Damar : “Nanging, yen komputer menika saged jarak adoh, yen ngendika kan kudu cedhak.”(Damar ngendika kanthi semangat)
Bapak : “Lha terus apa bedhane karo HP?”
Damar : “Ya mesti benten pak, yen HP layare alit nalika komputer layare jumbo pak.”
Bapak : “O, ngono ta.”
Damar : “Nggih pak, yen wonten PR kan dados mudheng, merga mboten mung informasi saking Bu Guru, nanging saking komputer.”
Bapak : “Ya dongake wae rejekine Bapak lancar, Sapine ngasilake susu akeh ya.”
Damar : “Nggih pak.”
(Damar lan Bapake bali menyang omah, Damar sing gawa sukete. Sawise tekan omah, Bapake Damar lunga ana omahe Pak Surya, Bapakke Dedi)
Pak Jamal : “Assalamu’alaikum pak Surya”
Pak Surya : “Walaikumsalam pak Jamal, wonten punapa nggih?mriki pinarak.”
Pak Jamal : (Lenggah) “Dedi gadhah Komputer napa mboten nggih pak?”
Pak Surya : “Oh komputer, Dedi mboten gadhah komputer pak, ing sekolah kan sampun dipunajari ngenani komputer.”
Pak Jamal : “Inggih pak, Damar niku pengen dipundhutke komputer.”
Pak Surya : “Ya mboten napa-napa, kan saged nambahi pengetahuan.”
Pak Jamal : “Ananging pak, ana pundi kula saged angsal komputer nggih?”
Pak Surya : “Ana ing toko prabotan mbok menawa wonten.”
Pak Jamal : “Oh nggih,”
Pak Surya : “Damar kala wingi angsal rangking pinten nggih pak Jamal?”
Pak Jamal : “Damar rangking kalih pak, lha Dedi pripun?”
Pak Surya : “Dedi rangking gangsal pak”
Pak Jamal : “Nggih mpun pak Surya, kula pamit rumiyin.” (enggal-enggal ngadheg)
Pak Surya : “Lho kok kesusu? nembe wae tekan.”
Pak Jamal : “Sapine dereng kula paring pakan pak, nggih mpun Assalamu’alaikum.”
Pak Surya : “Waalaikumsalam”
(Sawise maringi pakan sapi, Pak Jamal mlebu omah. Bu Kanah banjur ndamel teh kangge pak Jamal.)
Ibu : “Iki pak unjukane.”
Bapak : “Yaa,” (nyrusup teh panas)
“Bu, saben dina sawise budhal sekolah Damar sakiki sregep ngarit dhewe ora kaya biyasane sing kudu didhawuhi ndisik.”
Ibu : “Nggih apik ta pak anake dados sregep.”
Bapak : “Iya bu, jebulane Damar iku pengen komputer bu.”
Ibu : “Oalah dadi ana maksud liyane, dados badhe bapak pundhutake mboten?”
Bapak : “Ya insyaAllah dongakke wae sapine ngasilke susu akeh nggih bu, rejekine lancar.”
Ibu : “Amiin pak”
(Ing sawijining dina sawise Damar budhal sekolah banjur deknene ngarit ana kebon)
Dedi : “Dam, ayo dholan.”
Damar : “Ora ah, aku meh ngarit dhisik.”
Dedi : “Iya ngerti aku yen kowe lagi ngarit, kaya kurang kerjaan wae.”
Damar : “Ya ben ta” (ngarit karo mbesengut)
Dedi : “Iki lho dolanan game wae ning HP ku.” (mlaku lunga)
Damar : (ngomong dhewe) “Muga-muga Bapak gelem mundhutke Komputer.”
(Sawise ngarit entuk sabagor banjur muleh. Jebulane Bapake sampun mundhutake komputer ana Omah)
Damar : “Lho pak, niki komputere sinten?” (bingung)
Bapak : “Ya nggonmu ta Dam’’
Damar : “Maturnuwun nggih pak” (bungah)
Bapak : “Iya nang, wes ndang Bapak diweruhi carane nganggo komputer.”
Damar : “Nggih pak.”
Ibu : “Lol, ibu diewangi masak nduk kanggo bancakan komputere masmu”
Lolli : “Emoh ah bu, kula badhe mersani komputere mas Damar.”
Ibu : “Ealah, yawis kana.”
Lolli : “Mas Damar, komputer kuwi kaya TV ya.
Damar : “Iya Lol.”
Lolli : “Mas, iki apa ta kok bentuke kaya munthu?”
Damar : “Iki jenenge mouse Lol, kanggo ngobahke anak panah kae lho.” (nunjuk layar)
(Bu Kanah ngeteri bancaan kang isine sega anget, gudhangan, gereh lan endhog goring ana ing sakiwa tengen omahe kanggo wujud syukur.)
Para Tetangga : “Ealah gede banget layare yo Dam, kaya TV.”
Damar : “Inggih bapak-bapak ibu-ibu. Komputer niki saged kangge nggolek informasi.”
Para Tetangga : (nggumun)
Dedi : “Bapak, Dedi nggih purun dipundhutake komputer kaya Damar.”
Pak Surya : “Iya, yen rankingmu bisa luwih apik yo.”
Dedi : “Halah pak, sak niki mawon.”
Kebeh : (ngguyu)
(Banjur para tetangga muleh dhewe-dhewe sakwise mirsani komputere Damar)
Ibu : “Dam, ibu golekna resep supaya masakane bisa luwih enak”
Bapak : “Bapak ya golekna kiat-kiat ternak sapi supaya ngasilake susu akeh”
Damar : “Nggih pak, bu. Setunggal-setunggal nggih.” (Damar golek informasi kanthi jeli)
Lolli : “Mas, Komputer bisa kanggo dolanan ta?”
Damar : “Bisa Lol, dolanan iki wae ya”
Lolli : “Cara dolanane piye mas?” (ketagihan dolanan)
(Nalika dina minggu, Pak Toyib mara ing omahe Pak Jamal)
Pak Toyib : “Assalamu’alaikum”
Pak Jamal : “Waalaikumsalam, pak Toyib wonten punapa nggih?”
Pak Toyib : “Kula badhe nyuwun tulung, kan Damar nduwe Komputer, kula kepengen ngerti caranipun ningkatake kualitas asil tani.”
Bu Kanah : (Nyuguhi teh panas lan roti kang digawe miturut resep saka internet) “niki pak, mangga diunjuk.”
Pak Toyib : “Nggih bu, matursuwun”
Pak Jamal : “Dam, iki pak Toyib golekna kepriye carane ningkatake kualitas asil tani”
Damar : “Nggih pak” (golek informasi kanthi jeli)
Pak Toyib : “Wah bu Kanah pinter masak, rotine maknyus tenan.”
Bu Kanah : “Niku roti miturut resep saking internet pak”
Pak Toyib : “Oh lha apik tenan, internet pancen oke, akeh ya manpaate.”
Damar : “Pak Toyib, niki sampun wonten caranipun ningkatake kualitas asil tani.”
Pak Toyib : (maos informasi alon-alon) “Oalah, Ngono ta jebule. Maturnuwun yo Dam’’
Damar : “Nggih pak Toyib, sami-sami.”
Pak Toyib : “Bu Kanah luwih becik mbukak warung, masakane maknyus tenan ee.”
Bu Kanah : “Wah, yen mboten wonten sing nukoni malah repot pak.”
Damar : “Pak Toyib leres bu, apa maneh warunge ana cedhake sekolahku, mesthi larise tur aku mboten usah jajan.”
Pak Jamal : “O ya leres kuwi bu.”
Pak Toyib : “Ya kuwi mung saran. Yawis kula tak pamit rumiyin. Parine ndak dipangani manuk emprit”
Pak Jamal : “Nggih pak”
Pak Toyib : “Matursuwuun ya, assalamu’alaikum”
Pak Jamal : “Waalaikumsalam.”
(Saminggu sakwise, Bu Kanah mbukak warung cedhak sekolahe Damar)
Ibu : “Damar, Lolli ayo ibu direwangi usung-usung barang ana warung.”
Damar : “Inggih bu sekedap.”
Ibu : “La Lolli ndi Dam?”
Damar : “Niku tasih dolanan komputer wonten kamar bu.”
Ibu : “Ealah bocah kae dadi kesed sakiki dolanan terus.”
Damar : “Loll, cepet metu bubar ndisik dolanane mengko dilanjutke, sakiki ngrewangi ibu ndisik,”
Lolli : “Halah mas Damar wae, mengko aku nyusul.”
Ibu : “Yoweslah ayo tinggal wae cah kae.”
(Saben jam ngaso, warunge Bu Kanah rame amerga pilihan jajane macem-macem tur enak lan murah. Sakwise budhal sekolah Damar tetep ngarit suket kanggo sapi-sapine sing jumlahe ana 20 sakiki)
Bapak : “Dam, amerga informasi saka internet sing mbok golek, sakiki sapine bapak dadi akeh, lemu lan sehat-sehat.”
Damar : “Nggih Alhamdulillah pak.”
Bapak : “Kualitas susu sapine uga apik Dam.”
Damar : “Ibu dados ndamel susu sapi aneka rasa mboten pak ? ”
Bapak : “Kayane yo sido, kan wingi wes mbok golekke resep to?”
Damar : “Nggih pak, nanging dereng njajal nggawe.”
Bapak : “ Yo brati sesuk pas preinan njajal ndisik banjur nek enak terus dipasarake.”
Damar : “Loh niku sinten pak?” (nunjuk ana kandang sapi)
Bapak : “Kae pegawaine bapak nang, jumlahe ana 5. Mulai sisuk koe ora usah ngarit meneh yo, sinau wae kan arep Ujian Nasional.
Damar : “Wah Alhamdulillah nggih pak, sak niki sampun gadhah pegawai mugi-mugi lancar rejekine supaya yen kula nyuwun barang lajeng dipundhutake.” (ngguyu)
Bapak : “Ealah njaluk opo meneh emange?yo Amin nang, mugi gusti Allah maringi kelancaran rejeki.”
Damar : “Nggih pun pak kula wangsul rumiyin.”
Bapak : “Adhimu kae ojo dientuki dolanan komputer terus ya, nilai rapote mudun wingi terus dadi kesed sisan sakiki.”
Damar : “Nggih pak, mangkeh kula paring kata sandi komputere supados mboten saged dibuka. Assalamu’alaikum.”
Bapak : “Waalaikumsalam. iyo ngati-ati.”