Geguritan

Rasa Iki
Ora kudune tetep urip
Ngenteni tresna sing wes lena
Rasa iki
Kudune ora manggoni ati iki
Ngenteni wong kang tak tresnani
Rasa iki
Kudune tetep ora ana
Ngrumbaka jroning dhadha
Rasa iki
Tansah nyiksa ning ati
Anggawe lara kang ora bisa katahan
Anggawe rasa kang ora bisa dikendalikake
Anyeksa ati sakjroning jiwa
Rasa iki
Apa salah rasa iki tetep ngrumbaka ing jroning dhadha?
Anadyan lara
Ya wis aku ora papa
Yo ben urip koyo wit – witan kang kagawa obahing samirana
Kang wis ora rinasa ing sajroning jiwa iki

Tulisan ini dibuat untuk mengikuti Bidikmisi Blog Award di Universitas Negeri Semarang. Tulisan adalah karya saya sendiri dan bukan jiplakan.

Published by

Fadllun Nugroho

Fadllun Nugroho, lahir di Batang pda 29 Juni 1997 silam, merupakan mahasiswa Fakultas Ilmu Pendidikan jurusan PGSD di Universitas Negeri Semarang.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

* Kode Akses Komentar:

* Tuliskan kode akses komentar diatas: