Jalan-jalan ing Jakarta lan Bekasi
Ing Bekasi ketemu Pak Bisri
Ayo kanca mbudidaya konservasi
Supaya lingkungan katon asri
Menyang sawah nandur pari
Parine kanggo gawe sego
Ayo kanca latare padha di tanduri
Ben disawang ning ati lego
Mlaku-mlaku temu Pak Bed
Pak Bed isih nandur pari ing sawah
Mrih lingkungan ora reged
Mbuwang regedan ing tempat sampah