Dening Yusan Prasetyo
Klobot diukeli suket teki kanggo gawe dolanan
Nalika cilikanku isih melu bapak ibu
Dadi buruh tebu
Klobot digawe prau ditancepi ron waru
Keli ana ing lepen
Nalika cilikanku isih ora kopen
Sajake ibu isih nggodhog watu ana ing ngarep prapen
Klobot digawe wadhah jenang
Nalika cilikanku mbiyen ditendang
Bapak duka aku dolanan dhandhang
Duh, saiket klobot jagung garing
Dadia pepeling
Nalika aku lali marang gusti ingkang dahat paweling
Sekaran, 19 Nov 2015
“Tulisan ini dibuat untuk mengikuti Bidikmisi Blog Award di Universitas Negeri Semarang. Tulisan adalah karya saya sendiri dan bukan jiplakan.”