Dening Yusan Prasetyo
Ing wayah sore, bapa nuntun sepedane liwat jembatan gedhe
Ana ing kana, katon baskara angslup nibani ancala
Bapa nate ngendika
Dadia kaya manuk, le
Sing mabur cecangkriman karo para dewa
Ing bumantara
Angin anggawa atis tekan pinggiring kutha
Tak sawang ana ing njero mripate bapa
Aku iki apa? Aku iki bisa apa?
Namung bisa pijer nangis
Bapa,
Dadia ksatriya kang andhum rasa
Kanggo aku sik namung bisa njaluk punapa
Sekaran, 11 Nov 2015
“Tulisan ini dibuat untuk mengikuti Bidikmisi Blog Award di Universitas Negeri Semarang. Tulisan adalah karya saya sendiri dan bukan jiplakan.”