• Thursday, June 06th, 2024

Pisan-Pisan Ngomong Arsip Neng Pemalang

Oleh Agung Kuswantoro

Akhire klakon aku bisa ngelakoni Pengabdian Kepada Masyarakat neng Pemalang. Tepate, neng Kecamatan Pemalang.

Nyong rasane seneng nemen. Wis suwe, Nyong pengen ngelakoni kegiatan kaya kiye ning daerahku.

Rasane “berdosa” sering ngelakoni Pengabdian Kepada Masyarakat ora ning daerah kelahirane dhewek. Nyong wis ngelakoni Pengabdian Kepada Masyarakat ning daerah: Semarang, Kendal, Purwodadi, Rembang mbe daerah liyene. Tapi, justru Pemalang sing durung. Tepat tanggal 4 Juni 2024, aku mbe kancaku ngelakoni Pengabdian Kepada Masyarakat ning Kecamatan Pemalang.

Alhamdulillah sing teka akeh. Tema pengabdiane Nyong: “Penguatan Komitmen Partisipatif Terintegrasi Dalam Penyelenggaraan Kearsipan”. Sing diundang neng acara kuwe: sekretaris lurah mbe staf administrasine. Tema sing tak sampeke kuwe saking disertasine Nyong, terus tak gawe Pengabdian (diwaca: Pengabdian Kepada Masyarakat).

Aku diewangi karo kancane saka UNNES: Mas Nukha, Mas Arif, Mbe Mas Dedi. Oh ya diewangi juga karo sopir, Mas Yoan.

Bar ngelakoni Pengabdian, aku nyempatna balik omah ning Pelutan, pengen ketemu ibune/mamahe. Wong eseh dhuwe orang tua, ya kudu mampir mbe njaluk dongane wong tuwa: ben slamet, waras, berkah, mbe sukses dunia-akhirat. Iye, pora?

Syukur sing tak jaluk: bisa urip ning daerah rantau/Semarang, wis Alhamdulillah, apamaning bisa berbagi ilmu/informasi mbe wong Pemalang. Moge-moge bisa nganakna kegiatan kaya kiye maning ning daerah sing dikenal julukan kota “Ikhlas” mbe daerah penghasil nanas madu. Amin. []

Ditulis ning Semarang (Gedung auditorium jem 10.25 – 10.35 Wib. (Acara Temu Kangen purnakarya dan Warakawuri dengan unsur pimpinan UNNES tahun 2024). 6 Juni 2024 /28 Dzulqo’dah 1445.

Category: Uncategorized
You can follow any responses to this entry through the RSS 2.0 feed. You can leave a response, or trackback from your own site.
Leave a Reply